Contoh Cerpen bahasa Jawa (Cerkak) karya sendiri - Pengertian, struktur, contoh

CERKAK-CERITA CEKAK (CERPEN)




PENGERTIAN:
Apa pangertene saka Cerkak?

* Cerkak (Cerita Cekak/Cerita Pendek) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasan kanthi cekak wae. Cerita iki nduwenani isi ingkang ringkes, padet, lan sakedhik alur caritane.

* Apa perbedaane Cerkak lan Cerbung?
Cerkak iku saking wiwitane nganti pungkasane cerita namung cekak, ringkes, nduweni 1 kedadean lan padet.

Nanging Cerbung (Cerita bersambung) iku nduwenani wiwitane cerita nganti pungkasane cerita ingkang dawa, ono luwih seka 1 kedadean, lan ceritane kompleks.

* Apa Unsur Cerkak?

Cerkak iku nduwenani 2 Unsur, yaiku Unsur Intrinsik lan Unsur Ekstrinsik.

-Unsur Intrinsik (Tema, Latar (Tempat, waktu, Keadaan), Alur (Maju, Mundur, Campur), Tokoh Penokohan, Sudut Pandang, Pesan Moral.

-Unsur Ekstrinsik (Nilai agama budaya politik ekonomi, latar belakang uripane pengarang, keadaan sosial pas cerita iku diciptakae)

Sumber: brainly

STRUKTUR
*struktur teks cerkak:
- eksposisi
- komplikasi
- kejadian
- klimaks
- penyelesaian
- pesan moral

a. Eksposisi (pengantar setting, situasi dan tokoh utamanya)
b. Komplikasi (peristiwa di dalam cerita yang memperkenalkan konflik)
c. Aksi yang meningkat, krisis (saat yang menentukan bagi si tokoh utama dan komitmen mereka terhadap suatu langkah)
d. Klimaks (titik minat tertinggi dalam pengertian konflik dan titik cerita yang mengandung aksi terbanyak atau terpenting)
e. Penyelesaian (bagian cerita di mana konflik dipecahkan)
f. Moral
Karena pendek, cerita cekak dapat memuat pola ini atau mungkin pula tidak. Sebagai contoh, cerita-cerita cekak modern hanya sesekali mengandung eksposisi. Yang lebih umum adalah awal yang mendadak, dengan cerita yang dimulai di tengah aksi. Seperti dalam cerita-cerita yang lebih panjang, plot dari cerita cekak juga mengandung klimaks, atau titik balik. Namun demikian, akhir dari banyak cerita cekak biasanya mendadak dan terbuka dan dapat mengandung (atau dapat pula tidak) pesan moral atau pelajaran praktis. Seperti banyak bentuk seni manapun, ciri khas dari sebuah cerita pendek berbeda-beda menurut pengarangnya

Simak lebih lanjut di Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/25088686#readmore


CONTOH CERKAK BAHASA JAWA-singkat padat dan 'gak' jelas :v

Judul: Dolan Bareng Dhemit
Oleh: Oktavia Ningrum (AivAtko31🍁)

Genre/Tema: Horor, teenfic, humor
Latar: Sekolah, dalan
Unsur kebahasaan: cari sendiri deh wkwk



DOLAN BARENG DEMIT
OLEH: AivAtko31



Ing sawijining sekolah ana 5 bocah kang wis kanca-an raket banget kaya ora bakal bisa di udari. Ana Vira sing awake cilik dewe nanging uga landhep pikirane, ana Ida sing ayune kaya dewi sinta nanging ora bisa meneng utawa lambe tipis, ana Roy sing awake paling gedhe dhuwur, ana Wahyu sing omongane ceplas-ceplos lan ana Ari sing pawakane paling cungkring nanging dhuwur.

Kringg kringgg

Bel sekolah wis muni, tanda yen para siswa wis wayahe mulih. Gerbang sekolah uga wis kebek karo arek-arek sekolah sing padha pingin mulih.

Nanging Vira lan Ida isih betah ing kelas amarga ora gelem srondolan ing gerbang.

"Heh! Ayo mulih" suarane Wahyu ngageti Vira sing isih nata buku.

"Allahu Akbar! Tak pikir dhemit kon, Yu!" bales Vira guyon.

"Ngganteng e kayak ngene dikira dhemit, wis nang Optik mata durung?" Wahyu mbrengut.

Vira ora nanggepi, malah nata buku maneh.

"Da, nge-date kuy!" Roy mecungul nggarai Ida sing nggawa pulpen langsung di uncalno ing Roy.

"Aduh" Roy ngusap raine sing padahal ora apa-apa.

"Alay kok di-ingu" celetuk Ari.

"hahah tolol" Wahyu ngakak.

"wis, wis. Ayo mulih." Vira nyusup ing tengah-tengah.

"iki, mentang-mentang cilik. Srundal-srundul karepe dewe" Wahyu misuh-misuh.

"Wenak dong. Ora kaya awakmu. Koyok Paus" bales Vira.

"lek aku paus, Roy apa?" Wahyu ora terima diilokna paus malah nunjuk Roy sing awake pancen kuru semangka.

"Gajah aboh" Jawab Vira cengengesan, Wahyu ngguyu kepingkel-pingkel.

"Loh kan, mesti aku di gawa-gawa" Roy nanggepi Wahyu karo nguncali pulpene Ida.

"Loh, nandi Vira?" Ari ngomong ambek celingak-celinguk nggoleki bocah kerdil kuwi.

"ah, Kon se. Ngomong terus" Ida langsung metu nyusul Vira.

Roy, Ida, Wahyu, lan Ari nyusul Vira. Ing gerbang, Vira lungguh-lungguh santuy karo mangan es. Arek 4 iku misuh-misuh nang Vira tapi Vira mung ndelengi karo mangan es nganti entek.

"Yo wis, aku mulih yo. Ana kene di ilokno tok" Vira mlaku ngadoh.

"he, di enteni ninggal." Ida ora terima.

"iya i. Aja mulih dhisik. Isih awan iki. Ayo dolan"

"Heh, mbok pikir dhuwit kari metik a? Dolen terus" sindir Ida.

"Ya ora usah adoh-adoh. Cidek-cidek ae lho"

"Eh, tapi aku durung ngomong Ibukku"

"Oh,iya. Aku ya durung ngomong emakku"

"masio aku ya durung. Mung sediluk wae lho."

"temenan a?"

"iya"

"omahku adoh loh"

"adoh endi karo omahku" tugel Ida nggarai liyane mung bisa mringas-mringis.

-skip-
Bocah 5 iku mlaku-mlaku. Guyon ing dalan nganti lali wektu. Vira nyawang awang-awang sing wis peteng.
Kabeh pada iling yen dina wis bengi.
Nanging, pas iling yen kudu mulih. Bocah kabeh iku pada bingung karo dalan sing dienggo mulih.
Kabeh pada gelut omong. Pada nyalahake marang liane.

"Waduh! Ora bisa a lek ora nyalahno kancane?" Vira wis nesu ndeleng kanca-kancane pada gelut lan tukaran ora ana pungkasane.

“Awak dewe wis nyasar saiki. Awakmu kabeh gelut ora bakal bisa pungkasan perkara iki. Sing ana malah tumpang tindhih ora karuan. Saiki awak e kudu golek dalan kanggo mulih” pitutur Vira marang kanca-kancane.

Bocah 4 kuwi manggut-manggut. Lan kabeh bocah kuwi pada mlaku nggolek dalan kanggo mulih. Nalika wis muter-muter sing ana dalane tambah ora karuan. Bocah 5 kuwi mulai nyesel. Amarga dolan mulih sekolah ora pamitan.

“lungguh dhisik wis. Pegel aku” Ida wis adus kringet.

Bocah liane uga wis pegel. Kabehe pada lungguh ing ngisore wit sukun gedhe.

Wussss....

Ida nggepuk tangane Vira. “Aja medeni, Vir”

“Apa tah. Gepak-gepuk sak enak e dewe” Vira  ora terima.

Hihihihihiiiii....

Hihihihi....

Hihihihihiiiii....

Ayo tah cah ayu, cah bagus, dolan karo aku.

Hihihihihihii....

Swara iku sesarengan ana wadon kang rambute dawa nganggo klambi putih lan raine ajor ora karuan.

“Huwaaaa” kabeh bocah iku mlayu ambyar dewe-dewe.

“Janji ora bakal dulin tanpa pamitan maneh, emak” Vira mlayu uga jerat-jerit lan nangis. Sing diarepake bocah 5 kuwi saiki mung rahayu slamet. Janjine kabeh ing njero ati bakal dadi bocah sing sembah sungkem marang pituture wong tuwa.


TAMAT

Komentar

  1. Btw aku ada blog baru untuk kamu yang cari resensi/ulasan novel-novel ya

    https://resensisukasuka.blogspot.com/?m=1

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan Populer